Social Icons

Pages

Sabtu, 07 April 2012

Piranti Pawon Saka Wesi Sing Wis Tininggalake

               
Ilustrasi dari samarindahouseware.co.id

              Jaman dhisik nalikane durung owah dadi jaman sing kasebut jaman modern. Wong jawa anggone nggunake piranti pawon isih tradisional lan durung ngemu anane apa kang kasebut teknologi modern, piranti sing dienggo yaiku barang sing digawe saka wesi. Piranti-piranti mau kayata katel sing kanggo nggodhok banyu, dandang kanggo adang sego, wajan wesi kanggo nggoreng, lan sapanunggalane. Jenenge piranti tradisional, kabeh kuwi digawe kanthi cara tradisional. Jarang nggunakake mesin lan isih asli gawean para pandhe. Isih mbutuhake wektu sing suwi kanggo gawe mergane para pandhe anggone gawe barang ora nganggo mesin.
           Nganti jaman nalikane orde baru, piranti-piranti mau isih akeh dienggo dening wong-wong jawa mligine sing isih manggon adoh saka kutha. Sanajan isih tradisional lan ora modern nanging wong jawa seneng nganggo piranti mau. Regane murah tur ya awet yen dienggo bola bali. Mula kuwi tekan jaman meh ngancik reformasi, piranti pawon mau isih dienggo.
Nanging apa sing ndadekake piranti pawon mau kaya-kaya ora ana warta lan wujude? Yen dipikir pancen aneh, piranti sing maune kenthel karo wong jawa iki saiki ilang tanpa wekase. Mung sethithik sing isih migunakake. Kahanan jaman kang sangsaya suwi sangsaya maju iki ndadekake piranti pawon mau kalah pamor yen dibandingke karo piranti pawon jaman saiki. Coba ta, piranti saiki yen sinawang luwih ringkes tinimbang piranti jaman saiki. Sing mau digawe saka wesi, gedhe tur abot, saiki wis digawe saka bahan alumunium sek bobote entheng tur ya wujude luwih cilik. Contone wae dandang, nalika jaman semono dandang asring dienggo wong kanggo adang sega saiki wes kalah jarang dienggo maneh. Mung dienggo nalika ana wong kang duwe gawe, kuwi wae sitihik sing isih migunakake. Dandang mau wis kalah pamore karo sing jenenge magic com. Dandang sing ukurane gedhe tur abot saii wis kaganti karo magic com sing wujude cilik tur entheng. Anggone mangsak sing maune dandang nganggo luweng sing urupe geni kudu gedhe wis kaganti karo magic com sing namung dicoloke listrik. Apa sing marake kebeh kuwi bisa ilang saka wong jawa? Yen dirasake kasile panganan sing dimangsak nganggo piranti modern karo piranti wesi mau yen dibandingke isih enak panganan sing dimangsak nganggo piranti wesi.
Apa merga wujude sing gedhe tura abot? Apa merga ora bisa ganti liyane yen durung nganti bener-bener rusak?
           Yaiki sing diarani jaman modern sing bisa ngilangke kabeh sing tradisional. Kamangka yen diwigatike piranti saka wesi mau salah sawijining produk asli wong jawa kang ora bisa ditiru dening wong ngendi wae. Ora ana sing bisa gawe piranti kaya dene wong jawa mau. Mula kuwi eman-eman yen nganti ilang saka wong jawa. Yen dituwuhke maneh anggone gawe piranti mau mesthi ora kalah karo piranti sing modern. Apa maneh yen dirasake saka kasile piranti mau mesthi luwih mantep. Aja nganti piranti kang turun temurun iki ilang salawase. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar