Social Icons

Pages

Sabtu, 23 Juni 2012

Ngapak : Basa saka Jawa Tengah


Salah sawijining sarana iklan sing nganggo basa Jawa ngapak
Ngapak, sapa wonge sing ora ngerti bahasa kuwi. Bahasa iki salahsawijing bahasa khas saka tlatah Jawa Tengah. Kabeh sing urip lan dumunung ing Jawa Tengah mesthine tau krungu bahasa iki, malah-malah ana sing bisa nganggo bahasa iki. 

Bahasa ngapak adate digunakake dening wong-wong sing manggon ing daerah Jawa Tengah ing sakulone kutha Purworejo. Kaya dene kutha Banyumas, Cilacap, Tegal, Kebumen, Gombong lan liya-liyane. Bahasa iki dadi bahasa kang mligi digunakake dening masyarakat ing kono. Bahasa iki pancen beda karo adate bahasa jawa sing digunakake ana ing dina-dina saben dina. Adate bahasa jawa sing baku kuwi nganggo bahasa jawa cara Sala utawa Ngayogyakarta. 

Yen dirungokake bahasa ngapak iku pancen nganeh-anehi. Anggone ngucapake tembung plek karo tata tulisane. Diwaca apa anane lan ora ngowahi swara pocapan yen dipocapke. Tuladhane nalika ngcapake huruf “A” ya bener-bener diwaca huruf “A” beda karo bahasa jawa adat Sala utawa Ngayogyakarta sing huruf “A” bisa owah dadi huruf “O”. Medhok-medhoke bahasa iki ya pancen katon beda karo bahasa jawa ing saben dinane.

Adate bahasa jawa ngapak kuwi kabagi dadi telung cara yaiku ngapak cara Banyumasan, ngapak cara Tegal lan ngapak cara Kebumenan. Antarane telung bahasa kuwi uga ana bedane. Tembung sing ana nang ngapak Banyumasan ora ana ing ngapak Tegal lan Kebumenan. Tembung sing ana nang ngapak Tegal uga ana ing ngapak Banyumasan nanging ora ana ing ngapak Kebumenan. Tuladhane tembung “inyong” anan ing ngapak Banyumasan nanging during mesthi ana ing Tegal lan Kebumen. (BRI)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar