Social Icons

Pages

Minggu, 13 Mei 2012

Gunane Primbon Saliyane Dadi Petungan Jodho, Lair lan Salaki-Rabi

A
date primbon pancen dingerteni dening para masyarakat dadi salah sawijining buku sing ngandharake babagan sing ana gandheng cenenge karo petungan jodho, petungan lair lan petungan salaki-rabi. Ananging apa kang dadi sawangane para masyarakat ngenani primbon sing mengkono mau pancen bener ora ana lupute. Amarga kabeh sing mengkono kuwi di andharake kanthi gamblang ana  ing primbon. Saka petungan lair kang dietung nganti petungan jodhone manungsa kabeh ana ing primbon.

Rabi

Ananging apa ngerti apa guna liyane saka primbon kuwi. Apa mung kanggo petungan jodho? Kabeh kuwi salah yen dimangerteni kanthi mengkono. Anane primbon ora mung ngenani bab kuwi nanging kabeh sing ana ing panggesangane manungsa diandhareake ana ing primbon. Tuladhane yaiku kayata pranata mangsa, ngalamate wong ngimpi, ngalamate ati geter, ngalamate keduten, katurangganing wanita utama, rajah, sarat, sajen, laku, mantra, lan sapanunggalane. Kabeh kuwi pepak ana ing primbon. Yen disawang rak kabeh kuwi ana ing uripe manungsa ora ana kajabane.  -BRI

Tidak ada komentar:

Posting Komentar